Rabu, 28 Mei 2014

SILUET SENJA 1




Assalamualaikum.
Alhamdulillah tow.. Mergi Gusti Pangeranku Alloh SWT aku diterimo tow.. Mulaene kae aku melu daftar tow, terus aku tes tulis kabehe telu gek uwangel tow truz ditest wawancara pisan tow.. truz saingane wi luw peh garai aku mikir sepaneng level duwur.. mikire macem-macem tapi karo meneng, leh neng ati kie mikire wez gundah, opo-opo yow kudu dibaleke nang Gusti Alloh, dadi ati kie rodhok ayem meski titik rodhok ngapusi tow.. wez pas tanggal 9 Mei kie pengumuman tow.. asline pergantian jam nang tanggal iku aku wez mapan turu karo mikir tow.. akh aku gak kepengen ndelok pengumuman neng ati mikirku wedhi leh.......tit sensor.. heee eh lakok wengi-wengi kancaku sms.. aku ketrimo.. aku seneng tow.. peh tapi aku mikire wi aku ngipi po kagak tow.. aku pirang-pirang dino malez buka internet, wedhi paling yow hahahaaa.. akhire gang pirang dino, lagi wani tow ndelok pengumuman tow hahahaaaa... tibake benere aku ditrimoi.. hahaaaa

Jane aku wi ra muluk-muluk.. kepengen kuwi tok tow.. tapi yow usaha lan dongo tow.. ra kepengen aneh-aneh.. niate kawit cilik kepengen dadi kuwi, sakjane kepengen dadi astronot tapi wi mesti mustahil.. dadi haluane diubah heeeee.. ra popo tow. Alhamdulillah Gusti Alloh sae tow.. dongone cah cilik sitik-sitik keturutan.. peo sering mekso lan nangis leh dongo hihihiiiii. Nanging kawit cilik diwarai bapak lan ibu niate wi kudu istiqomah, dongone istiqomah, usahane yow istiqomah. Nanging aku mek iso biasa ae.. dongo, usaha lan sholat, tirakat shitik-shitik tow hee.. la piye mosok aku mekso seng aku rung iso lan ra eruh.. hehm ... butuh sanget guru agomo hahahaha

Subhanalloh mergo ibu lan bapakku tow aku ketrimo maneh dalane koyoto mulus. La piye.. leh gak mergo bapak lan ibu paling yow sumbangan dongo lan sujud amalku yow kurang tow.. hahahahaa molane diewangi bapak lan ibu hahahaaaa..
Alhamdulillah sekabehane puji...

Keluargaku kie biasa tow.. dadi kawit sekolah nang suroboyo golek jalur reguler ae seng bayare ra gawe wong sepaneng level duwur.. Niate golek ilmu.. yung.. Gusti Alloh ngijabahi.. Wez kudu dilakoni karo syukur tow.. piye gak syukur?? La wong penjaluk titik-titik dituruti lan dicobo k0k... dicobone luw kudu sabar ikhlas lan syukur.. la kuwi angel.. tapi kudu sinau truz.. hee

Wez saiki kurang budal lapor diri  nang Semarang.. sak luwihe ngenteni pengumuman kelas lan kuliah.. Insya Alloh mari riyoyo bidhal maleh heee.. dongake geh..
Geh tak dongakke kanggo rencang-rencangku tow lan sekabehane ae.. mugi dalane lancar lan opo penjaluke diwenehi kang apik saking Gusti Alloh.. aaamiin..
Aku seneng e.. dadine rodok gaya titik heeee
Wez yow.. ngunu ae tow..

Wassalamualaikum
10.30 pm 270514 neng kamar seng akeh lintange..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

eits jangan lupa ya komentarnya
*Green Star*